GEGURITAN GAWEHANKU
Pati , 9 Mei 2014
@ NGGAYOH KABECIKAN @
Lesehan sumendhe ning ngisor wit duren
Angin sumiler mikut nggayoh pengangen
Niat insun neteske piker kang nandang kangen
Gawe ati ngulandoro nglambrang piwulangan
Sun semendhe binarung jantrane kodrat
Mikut dawane laku welas asih sak jroning jagat
Nuntun sukma pinaringan tansah taubat
Pituduh luhuring bebuden kanggo nggayoh urip nikmat

0 komentar:
Posting Komentar