RSS

= SEKAR ING WENGI =

= SEKAR ING WENGI =

Nglam-lami ngujiwate,

Yen anggeget lathi anjijit alise,
Sak solah bawane,
Lencir kuning nyengsemake,
Sinawang yen ngujiwat...

Pamikir kang kuwat koyo arep nekat,
Suwe-suwe tamat,
Prasasat anggayuh jimat,
Yen tengah wengi,
Pangrasaku koyo wis sumandhing,
Aduh wong maniss…,

Lirining netro kang wening,
Amung tansah tak lalekke,
Nanging trus eling,
Wekasan pepuntonku,
Umpamane sekar ojo nganti layu,
Kanggo cecundhukmu..

Amung ndhiko mustikaku,
Yen tengah wengi,
Pangrasaku koyo wis sumandhing.
Aduh wong manis…,
Lirining netro kang wening,
Amung tansah tak lalekke,
Nanging trus eling....

Wekasan pepuntonku,
Umpamane sekar ojo nganti layu,
Kanggo cecundhukmu,
Amung sliro dadi mustikaku..

Ing pangajab dadio,
Mergi kang minulyo..
Ginowo rogo,nganti temekane praloyo...

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...