RSS

GEGURITAN DLEMING

Tan mandeg lakune dino.
Jroning laku poro jalmo,
Ing sak indere jagad maneko warno,
Wiwit saka sandal jepit,
Tumekane sepatu kulit...

Ombyake mburu kekarepan,
Ngungkuli mlayune ombak segoro,
Tan mandeg lakune suryo,
Pindo durjono ampun ketitik,
Mlayune sipat kuping...

Rumangsane wis paling sekti,
Rumangsane wis paling pinter,
Umpamakno sona rebutan balung,
Tan mandeg lakune wengi,
Sing mlaku wis kesel,
Opomaneh sing mlayu..!

Seng mlarat kelangan ragat,
Sing sugeh kelangan bondo,
Ati kemitir mbedah nelongso,
Ati nagis ing tengahing sepi,
Lingak-linguk kabeh wis sirno...

Tan mandeg lakune rembulan,
Tan mandeg nyawang lintang,
Keduwung tibo mburi,
Kabeh wis di lakoni...

Lara ati sambat gusti,
Iku yen tiba waras
Lha nak edan …?
Jejogetan turut dalan,
Rumangsane wis dadi rojo,
Rumangsane turu nang dipan kencono...

Bareng nglilir...
Jebul turu nang tritis toko..
Abot sanggane pancen lelakon puniko,
Hamung Gusti kang hangrepto jagad.
Kang biso paring usodho..

Dleming..!

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...